Menyang kontèn

The Lord of the Rings

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 2 Maret 2016 03.09 déning Wirjadisastra (parembugan | pasumbang) (éjaan using AWB)
Buku The Lord of The Rings

The Lord of the Rings inggih punika satunggalipun novèl kisah fantasi épik anggitanipun J. R. R. Tolkien.[1] Karya punika sampun dados legénda ing jagadipun pandemen novél saking abad kaping 1900-an.[2] Novél punika dipunterbitaken ing tigang jilid nalika taun 1954 lan 1955, saben satunggal jilid kapérang saking kalih buku.[1] Jilid ingkang kapisan dipunparingi irah-irahan The Fellowship of the Ring, jilid kaping kalih The Two Towers, lan jilid kaping tiga The Return of the King.[1]

Cariyos ing novél The Lord of the Rings dipunserat awit taun 1937 ngantos taun 1949 lan dados salah satunggalipun karya sastra abad kaping 20 ingkang paling misuwur lan dipunterjamahaken dhateng 38 basa.[1] The Lord of the Rings sampun dipunfilm-aken ngantos kaping tiga, ingkang kapisan minangka film animasi déning Ralph Baksi nalika taun 1978 (minangka bagean kapisan saking kalih film ingkang wiwitanipun dipunrencanakaken), ingkang kaping kalih ing taun 1980 minangka acara ing televisi.[1] Karya kaping tiga, trilogi film The Lord of the Rings déning sutradara Peter Jackson ingkang dipunrilis nalika taun 2001, 2002, lan 2003, sampun menangaken sawetawis bebingah Academy Awards.[1]

Cathetan Suku

  1. a b c d e f (ing basa Indonésia)The Lord of the Rings dipunundhuh tanggal 23 September 2011)
  2. (ing basa Indonésia)The Lord of the Rings J.R.R. Tolkien dipunundhuh tanggal 23 September 2011)

Pranala Njawi